kata
pengantar
Segala puji syukur kami panjatkan
kehadirat allah SWT yang telah melimpahkan rahmat serta karunianya ,shingga
kami dapat menyelesaikan makalah ini , yg selalu di limpahkan kepada jujungan
nabi muhamamad berserta keluarganya , para sahabatnya , dan kami ini .
Penyusunan maskalah ini adalah
untuk memenuhi tugas CERKAK BAHASA JAWA dengan bahasa meliputi cerkakDalam
penyusunan makalah ini kami menyadari bahwa masih daopat kekurangan kekuranggan
dan jauh pada kata sempurna , di karenakan keterbatasan kami .akhirkata semoga
makalah ini bermanfaat dan berguna bagi kami . Khususnya dan bagi para pembaca
Tegal,14
febuari 2014
Daftar isi
BAB I Pendahuluan
: A. Latar belakang
B. Rumusan masalah
C.Tujuan
BAB II Daftar isi :
A. Pengertian cerkak
B. Ciri cirri cerkak
C. Unsur-unsur cerkak
D.Contoh cerkak
BAB III Penutup : Simpulan
BAB I
PENDAHULUAN
A.
LATAR
BELAKANG
Cerkak
yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan
nganti pungkasan kanthi cekak wae
B.
RUMUSAN MASALAH
1.Apa
yang kamu ketahui tentang cerkak ?
2.Sebutkan
cirri-ciri cerkak !
3.
Sebutkan unsure intristik cerkak (jelaskan) !
4.
Buatlah contoh cerkak (berserta unsurnya) !
C.Tujuan
Mengetahui tentang cerkak yang baik
dan benar
BAB
II
ISI
Cerkak yaiku gancaran sing
ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan nganti pungkasan
kanthi cekak wae.
Ciri ciri cerkak:
a.
Critane
sakeplasan (dirungokake sapisan langsung tamat)
b.
Isine
padhet (ringkes)
c.
Alur
mung siji
d.
Basane
mentes
e.
Isine
crita ngemot pitutur, kritik, piweling lan pasemon
Unsur instisik cerkak:
1. Underan (tema crita)
Underan yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhesane/ dasar
crita.
2. Amanat (ancas)
Amanat yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa
pesen pangripta marang pamaca. Pepeling/ pesen iku arupa ajaran moral utawa
pandhidhikan.
3. Paraga lan watak
paraga (lakon)
Paraga utawa kang diceritakake. Paraga iku ana kang sipate
becik lan ana uga kang sipate ala. Dene watake paraga (lakon) iku bisa kanggo
mbedakake lakon siji lan sijine. Dene cara kanggo nggambarake watake lakon bisa
kanthi lumantar ing ngisor iki, yaiku:
- Katrangan langsung sing diandharake pangripta jroning crita
- Lumantar caturan/ pirembugan (dialog) ing antarane para paraga
- Kalakuan, tumindhak, lan kedadean-kedadean sing dialami paraga
4. Padunungan, wektu, lan
swasana crita (latar, setting)
Latar yaiku unsur kang ana gegayutane karo panggonan, wektu,
lingkungan sosial, lan swasana kang ndhasari kedadean ing crita iku.
5. Alur crita (plot)
Rantamane crita sing sinambungan mbentuk crita. Alur
kebentuk kanthi urutan kadadeyan saengga mbentuk alur maju, alur sorot balik
(flash back) lan campuran antarane alur maju lan alur sorot balik.
- Alur maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis kapungkur maju ing kedadean saiki
- Alur sorot balik yaiku urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis kapungkur
Rangkaiane kedadean sing mbentuk alur dibagi Tahap Tahap
Alur sing diwiwiti saka:
- Paparane crita (pemaparan)
- Critane wiwit ana masalah (perumitan)
- Ana masalah antara paraga (konflik)
- Masalah luwih gawat (klimaks)
- Pungkasane crita lan carane nyelesaiake masalah ing paripurnane crita
-
Happy ending : ing paripurnane crita nyenengake
-
Sad ending : paripurnane crita ora nyenengake / nyedihake.
6. Pamawas (sudut
pandang)
Sudut pandang yaiku carane pangripta netepake dirine ing
crita. Yen pangripta melu ing sajroning kedadeyan sing dicritakake, tegese
pangripta kalebu pamawas (sudut pandang) wong kapisan : pangripta cerkak bisa
uga dadi paraga utama bisa uga paraga tambahan (sampingan). Menawa pangripta
amung nyritakake wong liya lan dheweke ora dilibatake ing sajroning crita,
tegese dheweke nggunakake pamawas (sudut pandang) wong katelu.
7. Busananing basa (gaya
bahasa)
Busananing basa yaiku basa sing digunakake pangripta sajroning nyusun
crita.
Contoh
cerkak
Swarga
Impen
Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti
dhek Minggu kepungkur durung wae rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara
aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada
sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi,
acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang
sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing
njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono
kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi
aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon
kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar
paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana
meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune biru
katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?”
pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti
ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,”
wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto
durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane
wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung
plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah
durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku
angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh
arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah
cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip,
panas-panas ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana
kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarrga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu
mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu
dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih
adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene
iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran
liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik
tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana
tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang
swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning
tivi kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane.
Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora
ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake
saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk,
merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame,
ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil
BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake
nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek
dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo
nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya
kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing
ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat
geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung
kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung
rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga?
Jarene swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng
swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku,
kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga
sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara.
Unsur Intrinsik
Tema
: Swarga Dunya
Latar :
Latar Panggonan, Omah lan Ndhalan Kutha Jakarta
Lagi wae rada sregep, nyandhak
kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah
Idaman. Yen mripatku nyawang sing
apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero
omahku iki...
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin
kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan
karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Latar wektu, Sore
Pas
wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana
gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo
gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
Latar Suasana,
Trenyuhake, Tegang
Sopir BMW isih nesu karo
nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya
kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing
ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat
geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung
kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung
rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
Paraga lan watak :
· Mas Gondho
: Males, Gampang meri, Bisa dibuktikake saka
penggalan
Cerkak kasebut
Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana
gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo
gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki...
Tanto:Polos, gampang pracaya
Tanto:Polos, gampang pracaya
Bisa dibuktikake saka penggalan Cerkak kasebut
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto
durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
·
Alur : Maju, nyeritakake
kedadeyan pengalamane Mas Gondo nang
kadepane.
Sudut Pandhang :
Uwong ketelu sing perane kanggo pengamat.
Bisa dibuktikake saka
penggalan Cerkak kasebut,
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah
durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku
angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Amanat : Dadi wong ojo gampang meri kudu
duwe usaha
Bisa dibuktikake saka penggalan Cerkak kasebut,
Lagi wae rada sregep, nyandhak
kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah
Idaman. Yen mripatku nyawang sing
apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero
omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa
ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh
kok!
Basa
: Basa cerkak kasebut kelebu
ngoko lugu